Hening

Hening
" .......... "

Rabu, 08 Juni 2011

" Pangemut..."




   " Pecahing Wukir ndadosaken angin ingkang gede..., gulung gumulung langit pedhut ireng....., angin landhep...., pasir krikil.....mabur dhuwur langit...., bumi kidul sisih kulon horeg....., bumi kidul ambles saking udan pasir lan krikil...., angin ingkang tumeko bebarengan kalian udan gede nanging awujud udan krikil lembut...dudu krikil biasa nanging krikil mowo geni....., wit gede podo ambruk....gupon pedarakan ugo podo ambruk....., bumi kulon gonjang ganjing.....ora kuat nyonggo angkoro murkone menungso bumi kulon...., joyo jawi madeg ono tengah-tengahing Jowo......, tatanan urip lan kahuripan sak naliko bali koyo jaman jawi sepuh rumiyin......, sing dho mungkir karo kahanan sejatine...kapundhut saking murkane alam....sebab alam sampun hanggereng.......".

     Tuk banyu...sendang lan sumber-sumber toya akeh do podo jumedul jroning bumi......bebarengan karo tuk sing metune banyu...lan tuk sing metune lendut kenthel.....akhire akeh wong podo goleki sejatine kahanan....goleki asal-usule dewe-dewe....do podo bingung ngrasakke murkone Gusti.....ora bakal luput seko tumindake dewe-dewe...., sing nandur apik bakal langsung ngunduh sak naliko..semono ugi sing nandur olo bakal langsung ngunduh ora gantalan dino....sing salah bakal seleh....., mulak-mulak banyune segoro sisih kidul jawi.....jer kahanan wus tumibo jroning pepesten Gusti....., sing do podho nyumpelake kupinge bakal gelo sak turunane...sebab kahanan sing arep teko yoiku kahanan RESIK-RESIK....yoiku kahanan  ngresiki kotoran donyo lan isine ngantos tuntas lan resik.......

       Semunar jumedul petilasan Dewo....ndadosaken tanah Jawi moncer lan kondang sak jagad....., bebarengan jumedul Satrio taruno utomo...baris gowo  gendero simbul langit....maringi pepadang jagad...., omah loro dhuwur tambak musno rebawane...sebab wis ilang wahyune...., akeh wong do podho nguri-uri budoyone...lan ugo ono sing nguri-uri sarono pamrih...., jaman sing lelampahane ora trep karo paugeran urip..., ora selaras lan seimbang karo hukume Gusti..., wong jawa sing wis jawan soyo ndodro...ilang jowone njobo njero...rumongso wis pininjul ngasorake bumi lan getihe dewe....dadi ilang pepadange lan nelongso sak turunane....

     Ono kewan sing wis ora tau njedul ewunan tahun...bakal jumedul dadi pangemuting wong jawi..., dadi pertondone jaman anyar...., jaman sing  tibo wancine....dipandegani satrio jawi...., dados satrio pepadanging jagad....., Jawi dadi moncer lan dadi Pusering ndonyo....., kahanan wigati sing maune ditutupi lan diumpetake bakal kebukak karono wis tibo wancine jaman LURUS...jaman PENGADILAN....sing menungso ora bakal luput seko pengadilan Gusti..., tibone jaman anyar tandane seko akehing jalmo sing ngglempang tanpo sebab..., kabeh jalmo ora bakal ngiro sebabing akehing jalmo kang sedo..., sebab Gusti luwih pinter lan luwih ngerti nerapke hukum karo menungso tanpo menungso kui nglegewo sakdurunge.....

     Panganing menungso sing awujud tetanduran podo rusak pangan wereng...., pagebluk bumi teko nanging ora bakal dilegewo karo menungso...., sebab menungsone wis do podho lali karo titahe lan kodrate menungso....mungkiri sabdo-sabdone Gusti sing wis diparingake kawit ono njero kandungan lan naliko lahir...., sabdo-sabdo Ratu Dewo tanah Jawi wis diparingake jaman rikolo kuno kanggo wong jowo...nanging tetep nyumpelake kupinge....lan akire mungsuhi Gustine tanpo disadari......, sarono kuosoning Gusti nitahake Bethoro ingkang manitis lan ngejowantah wonten kahanan Jawi.....brastho angkoro murko...lan nglempengake tatanan urip sing wis rusak...., wujude yo sabdo....yo jalmo....yo kuoso.....yo angin...., manjing jroning laku lampahing kawulo...tanpo dilegewo...., ora samar nanging nyoto...., " akeh jalmo sing ora ngerti dununge Gusti...sebab wis lali marang kitab ing urip sing diparingake tiyang jawi wonten jroning roso pangrosone tiyang jawi....., mubeng muser goleki sejatine urip lan kahanan jatining pribadi ora iso nemu sebab wis lali karo jowo jawine......".

     Tanah Jowo tugel  sigar dadi loro...sebab bumine sisih wetan lan kidul nggrowong...., akeh poro jalmo mengkone tumplek bleg ono tengahing Jowo lan separo ono kulon..., gondo wengur lan gondo bathang muleg sak tanah jowo..., bumine ngetoake entute buto sing landep nggegirisi..., kaum sing nyekel projo negoro ongkang-ongkang jegang udud mowo kringete kawulo cilik...., Akeh wong seko monco negoro sing do podho golek ilmu ning tanah jawi.....sebab wis do krungu sejatine kabecikan lan asal usuling jagad asale soko Jawi...., akeh wong jowo do bingung....sebab wong monco negoro iso mejang ilmu urip karo wong jowo sing wis jawan / ilang jowone....ndadeake asor drajating diri...., ewuh pekewuh nandang wirang....., wong jawi sing duwe pancer jawi sing iso dadi soko gurune tanah jawi...lan sing duwe tungganganing Dewo..., sing iso njunjung lan ngruwat jagad Jawi sak isine......

     Gumebyar raos ingkang nyawii...hapsari jroning manah......titis raos puji.....ndadosaken pamuji dumateng Gusti......harsi.......joyo Wisnu................hayyu rahayu..........